Parikan iku unèn-unèn kang dumadi saka rong ukara lan duwé purwakanthi ab-ab. Ukara sepisanan ukara kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara.

Kang diarani parikanBesut

Ya iku unèn-unèn mawa paugeran telung warna ya iku:
  • kadadèn saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
  • saben saukara kadadéan saka rong gatra
  • ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (ukara kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukara kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi. Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong kang nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).

Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2Besut

Tuladha
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda) 
Priya nggantheng, sugih ngèlmu (4 wanda + 4 Wanda

Parikan kang kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2Besut

Parikan kang kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, sawéneh ana kang ngarani parikan patang padha. Iku keliru, sebab tembung “padha” iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Déné yèn tembung “padha” iku kang dikarepaké kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadéan saka 2 gatra: dadi kabéh ana 4 gatra Wondené carané nulis 4 gatra iku, kena baé didadékake 4 larik.
Sumber:https://jv.m.wikipedia.org/wiki/Parikan

Komentar

Postingan populer dari blog ini