OMAH ADAT JAWA

Omah Adat Jawa

Image result for materi omah adat jawa tengah

     Jawa Tengah mujudake salah sawiji saka limang provinsi ing pulo Jawa. Biyene, ing provinsi iki akeh kraton-kraton kang kaloka saindenge Nusantara, kayata karaton Surakarta Hadiningrat kang isih meger-meger nganti saiki. Omah adat Jawa Tengah prayata ngemu sejarah, arsitektur, lan filosofi kan kentel. Salah sijine ana jenenge omah joglo.

Omah Joglo
     Omah Joglo yaiku salah siji wangun omah tradisional ing Jawa Tengah. Omah iki nduweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Biasane omah joglo iku ono gebyoge (tembok kayu gunane kanggo mbatesi senthong tengah karo pringgitan digawe seko kayu jati).

Bagian-bagian Rumah Joglo
1.  Pendhapa
Pendhapa arupa bagean ngarep seng nduweni ruangan jembar tanpa sekat sekat, biasane pendhapa dipigunakake kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kaluwarga. 

2.  Pringgitan
Pringgitan iku panggonane ana ning mburi pendhopo, nempel karo dalem (omah seng bagian dalem). Fungsine kanggo nampa tamu. 

3.  Dalem
Dalem yaiku bagian omah joglo ana ing bagian njero. Fungsine kanggo kumpul keluarga.

4.  Senthong tengah 
Senthong tengah ing joglo fungsine kanggo peturon wong lanang seng nduwe omah.

5.  Senthong tengen 
Senthong tengen yaiku pasren, biasane panggonan iki kanggo peturon lan kanggo panyembahan kanggo dewi srin utawa dewi kesuburan lan kemakmuran. Biasane uga kanggo nyimpen beras utawa palawija.

6.  Senthong kiwo 
Senthong kiwo anduweni fungsi kanggo peturon wong wedok.

7.  Pawon
Pawon yaiku bagian omah joglo sing digunakake kanggo ruangan masak.

8. Gandok 
Kanggo kamar kecil.


Sumber : 


Komentar

Postingan populer dari blog ini