OMAH ADAT JAWA Omah Adat Jawa Jawa Tengah mujudake salah sawiji saka limang provinsi ing pulo Jawa. Biyene, ing provinsi iki akeh kraton-kraton kang kaloka saindenge Nusantara, kayata karaton Surakarta Hadiningrat kang isih meger-meger nganti saiki. Omah adat Jawa Tengah prayata ngemu sejarah, arsitektur, lan filosofi kan kentel. Salah sijine ana jenenge omah joglo. Omah Joglo Omah Joglo yaiku salah siji wangun omah tradisional ing Jawa Tengah. Omah iki nduweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Biasane omah joglo iku ono gebyoge (tembok kayu gunane kanggo mbatesi senthong tengah karo pringgitan digawe seko kayu jati). Bagian-bagian Rumah Joglo 1. Pendhapa Pendhapa arupa bagean ngarep seng nduweni ruangan jembar tanpa sekat sekat, biasane pendhapa dipigunakake kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kaluwarga. 2. Pringgitan Pringgitan iku ...