Geguritan
Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas.
∆ Maca lan nanggepi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
- Maca kanthi premati, yen perlu di bolan baleni
- Nggateke ubungane larik siji lan sijine, banjur manehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//)
- Golekane tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh
- Golekane pesan utawa amanat
- Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe
∆ Nemokake tuntutan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanand bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhane rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, rasa nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan.
∆ Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
- Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu lan sapanunggale
- Ngutamake isi kang mentes, apik, rendah lan becik
- Bisa nggunakake lelewane basa
- Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut lan sapanunggale
Komentar
Posting Komentar